Permadani Pon-Pes Salaf Al-hidayaat

PERMADANI

TULADHA SEPALA ATUR PAMBAGIYA HARJA

Nuwun, nuwun kulanuwun.

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Katentreman, karahayon miwah kabagyan utaminipun kawilujengan mugi tansah kasarinaning panjenengan sadaya..
Dhumateng para pepuden, para pinisepuh, sesepuh ingkang tuhu kinabekten.
Ibu-ibu, bapak-bapak saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes kinurmatan.
Utaminipun dhumateng Bapak …........., keluarga besan ingkang pantes sinuba-suba sagunging tata krami.
Keparenga kula kumawani cumantaka ngadek wonten ing ngarsa panjenngan sadaya, ngampil saha anggempil kamardikan, nigas wacana, mungel saha anyahak pangandikan sadaya sawetawes. Sedaya kala wau, lebet anggen kulo nuhoni dhawuh pangendikan saking panjenenganipun Bapak ingkang hamengku gati nun inggih Bapak …....... kalian garwa, kula kadhawuhan minongko sulih salira hamakili matur, ngaturaken punapa ingkang dados bebundhelaning penggalih.
Namung sederengipun, sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken ngunjukaken puja-puji syukur kanthi hamengku puja brata hastungkara, konjuk ing ngarsa nipun Gusti Ingkang Maha Wikan, kacihna wonten ing wekdal punika sampun kepareng paring pangayoman miwah panjangkung dhumateng lampah kula punapa dene tindak panjenengan, saking dalem sowang-sowang, ngantos dumugi ing papan pahargyan punika kanthi karaharjan. Mugi-mugi kayuwanan saha sih rahmating Pengeran sageda tansah tumedak saha tumanduk, kajiwa ugi kasarira ing panjenengan sadaya, sageda lumintu, lumantar, lumintir lan lumuntur dhumateng kulawarga, braya, bangsa tuwin sasama.
Para rawuh ingkang tansah winngku ing karahayon.
Panjenengan ingkang hamengku gati nun inggih Bapak .......... , ngaturaken kasugengan menggah rawuh panjenngan sadaya, sugeng dalu / siang,  tuwin sumangga kula dherekaken hanyekecakaken lenggah kanthi mardikaning penggalih. Mboten kasupen ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami,.awit dene panjenengan sampun kepareng rawuh minangkani atur undanganipun Bapak.........., kasuwun hanjumenengi anggenipun hamengku karsa, nuninggih dhaupaken putra putrinipun ingkang asesilih nimas ayu .......... , ing mbokbilih sampun pinesti ing kodrat, punapa dene Gusti sampun angeparengaken, kawengku deneng dhimas bagus ........ putra saking panjenengan Bapak ........ , ingkang pidalem wonten ing ....... . Sampun katiti wonten rat pradataning agami punapa dene sampun kaserat wonetn ing pratelaning nagari, kala Dinten….… , dhawah surya kaping ….... , mapan wonten ing wisma …...… , lumampah wilugeng nir ing sakara-kara, inggih awit saking berkahing Pengeran punapa dene puji pandonga panjenengan sadaya.
Awit saking keparengipun Bapak …...... Kalian garwa, ngrawuhaken para pepunden , pini sepuh lan sesepuh, namung kasuwung paseksen saha berkah pangestunipun . Dhumatenng Ibu-ibu, Bapak-bapak saha para rawuh sedaya kasuwun puji pandongonipun, mugi-mugi ponang pinangantyan kekalih anggenipun wiwiti lelumban wonten ing madyaning bebrayan agung, sageda wilujeng kalis ing rubeda, saged sih lan asih, guyup rukun, saiyeg saekakapti, runtung- runtung rerentengan kadya mimi lan mintuna mugi enggala kaparingan berkah momongan / putra jaler punapa dene pawestri ingkang sulistya ing rupi punapa dene budi pakartinipun, ingkang sageda tansah sujud tumekung dhumateng Gusti, setya tuhu dhumateng Rama lan Ibu, keparewinten guna lan paedahipun tumrap kulawarga, braya, bangsa tuwin sasama.
Para rawuh ingkang tuhu minulya ing budi.
Samuwaning pahargyan wonten …...… ing dinten punika, inggih awit saking rawuh panjenengan sadaya miwah peparingipun pambiyantu, panjurung saha peparing sih kadarman ingkang kawujud kawigatosan, penggalihan, bahu suku, eguh pratikel langkung-langkung ingkang awujud bandha tuwin prabeya ingkang tundhonipun sedaya kala wau saged andamel rancak saha regenging pahargyan ing dinten punika, malah kepara saged hangenthengaken pakaryan ingkang kasangkul panjenenganipun ingkang hamengku gati. Inggih awit saking punika, Bapak ....…..sekalian namung saged ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa winates, sinartan ngunjukaken puja puji astuti syukur, konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Mirah, mugi-mugi sih peparing panjenengan pikantuka lelintu ingkang linuwih kalian peparing panjenengan ingkang sampun kaparingaken dhumateng kulawarga Bapak  …....…

Para rawuh .
Sanadyan anggenipun hamengku gati panjenenganipun Bapak....… tebih saderengipun sampun karantam, karacik, kanthi tharik-tharik kaenam-nam saha kagantha-gantha, ewasemanten dumugi kaleksananing damel, rumaos kathah sanget cicir-cewet punapa dene kekiranganipun. Wiwit anggenipun ngaturaken serat sedhahan ngantos dumugining panampi rawuh panjenengan tumanggaping para-para ingkang kajibah hamong tamu punapa dene lumadosing  paramuda tumaruna ingkang kapiji minangka juru ladi. Langkung-langkun ingkang magepokan kalian atur palenggahan punapa dene pasugatan, ingkang sedaya kala wau mboten saged damel renaning penggalih panjenengan sadaya, Bapak …..... namung hanglumahaken asta kekalih saperlu nyadhong lumunturing sih samodra pangaksama saking panjenengan sadaya.
Para rawuh ingkang tuhu luhuring budi.
Sanadyan panjenengan sampun kapareng rawuh saha kepareng paring sih kadarman ingkang sakalangkung kathah, ewa semanten Bapak …..... taksih kemawon uguman dhumateng panjenengan, mugi wonten keparengipun kersa anglajengaken saha hanyekecakaken anggenipun lelenggahan sinambi angrahapi atur pasugatan ingkang sampun katur wonten ing ngarsa panjenengan, punapa dene ingkang mangkeh badhe kahaturaken. Saha ugi wonten keparengipun ngantos dumugi paripurnaning pahargyan ing dinten punika.
Ing wasana kula pribadi ingkang piniji dados talangipun aturipun ingkang hamengku gati, rumaos kathah sanget cicir cewet punapa dene kuciwanipun, kirang titi tata lan titising ukara, galap gangsuling wicara karana cupeting sastra, punapa dene muranging trapsila awit kirangeng pangertosan, ingkang mahanani mboten andadosaken rena saha sarjuning penggalih panjenengan sadaya kersa angluberaken samodra pangaksami.
Titining atur mugi kasekesakna anggenipun lelenggahan asesanti, mugiya lstari ingkang kaesti, sageda jumbuh ingkang ginayuh, widodo ingkang sinedya.

Wabillahi taufiq wal hidayah,
Wassalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun,nuwun matur nuwun.

























TULADHA ATUR PAMBUKA PANATACARA
ING PAWIWAHAN TEMANTEN

السلام   عليكم   ورحمة   الله   و بركاتة
اَلْحَمْدُ ِللهِ  الَّذِىْ  اَحَلَّ النِّكَاحَ  وَ حَرَّمَ  السِّفَاحَ . وَالصَّلاَةُ  وَ السَّلاَمُ  عَلىٰ  مَنْ  دَعَا  اِلى ٰ سَبِيْلِ  النَّجَاحِ  ،  سَيِّدِنَا  مُحَمَّدٍ      وَ عَلىٰ الِٰهِ وَ صَحْبِهِ  اَّلذِيْنَ جَاهَدُوْا  اِلىٰ دَارِ الفَّلاَحِ . اَمَّا بَعْدُ .
Nuwun-nuwun kula nuwun
Ä   Dumateng Para pepunden, Para Pinisepuh, Haji sepuh ingkang satuhu sampun pono ing pamawas, lebdo ing pitutur, keblating panembah ingkang pantes pinundi soho kinabekten.
Ä   Para Alim Para Ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning Ilahi, minongko panuntun kiblating panembah ingkang tansah kula dereaken menggah fatwah lan dawuh-dawuhipun ingkang satuhu luhur ing budi.
Ä   Para priyagung darahing nata, Para pangemban pangembating praja ingkang tinulodo dening poro kawula dasih, ingkang berbudi bowo laksono.
Ä   Poro rawuh kakung sumawono putri, ingkang dahat sinudarsono, sumrambah dumateng poro kadang werda lan taruna, ingkang tansah pinaringan sihing gusti, ingkang kula tresnani.
Ä   Poro rawuh kakung sumawono putri ingkang winantu sagunging karahayon.
Keparengo kula nadah deduko ingkang kathah awit anggen kula kumacelu cumantoko wantun amunggel anggen panjenengan sadoyo nembe eco sekeco wawan pangandikan dumateng para kadang pitepangan, ingkang mekaten mboten pisan-pisan kula badhe murang toto punopo dene nilar angger-anggering kasusilan. Inggih sadoyo meniko kulo nindaaken kadayan karono nuhoni dawuh pangandikan ipun ingkang hamengku karso nun inggih panjenenganipun  Bp. ......................................................sarimbit. Inggih meniko kulo piniji hanjejeri minongko pangendali woro, saperlu hamratitisaken murih rancaking titi laksono adicoro pawiwahan prasojo ing ari(awan) utawi ratri(bengi) kalenggahan puniko.
Namung langkung rumiyėn sumanggo panjenengan sadoyo suwawi kulo dereaken tansah ngunjuaken sembah puji syukur dumateng Gusti ingkang murbahing dumadi ( Allah SWT ) kanthi waosan kalam tahmid   الحمد لله رب  العالمين kacihno wonten ing rikalenggahan puniko kulo panjenengan sampun kepareng pinaringan pangayoman miwah panjangkung dumateng lampah kulo punopo dene tindak panjenengan saking dalem sowang-sowang ngantos tumapak wonten ing rikalenggahan puniko kanthi keba ing raos karaharjan kabagyan miwah kasarasan.Mugi-mugi salwiring gati purwo madya wasono kasembadan lulus raharja kalis ing rubedo.
Mboten katalumpen sholawat salam katetepaken dumanteng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW Ingkang tansah kulo lan panjenengan sadoyo ajeng-ajeng menggah syafa'atipun, wiwit alam dunyo meniko ngantos dumugi wonten ing delahan.
Sang yanging poro lenggah kakung sumawono putri ingkang minulyo .
Wondene menggah reroncening toto adicoro ingkang sampun rinancang, rinacik, rinumpoko,dening poro kulowongso nun inggih:

*   Minongko purwaka ning adicoro ingkang sepisan pambuko (1).
*   Panggihing temanten sarimbit minongko adicoro kaping kaleh (2).
*   Paripurno panggihing temanten sarimbit nunten kalajengaken titi laksono adicoro kaping tigo (3) nun inggih Kumandanging waosan ayat-ayat Alqur'anulkarim.
*   Wondene titi laksono adicoro ingkang ongko sekawan (4) inggih meniko Atur pambagyo harjo.
*   Paripurno atur pambagio harjo, kalajengaken atur pasrah saking risang besan.
*   Telas ing atur pasrahing risang besan adicoro pahargyan pawiwahan dalu puniko. Kasigek sumene sawatawis, cekaping adicoro sumene kanthi lereman nunten.
*   Kalajengaken titi laksono adicoro candakipun nun inggih wasito adi punopo dene mau'izdoh chasanah.
*   Sireping mauizdoh chasanah kapungkasi kanti Hastungkoro Purno.   
Sang yaning poro rawuh kakung sumawono putri ingkang minulyo.
Mekaten menggah reruncening toto adicoro pawiwahan prasojo ing ari(awan) / ratri(bengi) kalenggahan puniko.
Magepokan wekdal ingkang sampun sawatawis ndalu punopo dene siang, keparengo toto adicoro inggal kawiwitan.                 
Dumateng poro rawuh sumonggo kulo dereaken kanti waosan umul kitab    
لرضاء الله و بشفاعة رسول لله شيء لله لهم الفاتحة
Kalajengaken titi laksono ingkang kaping kalih nuninggih panggihing temanten sarimbit kanti kairing waosan sholawat Nabi ingkang bade kapitadosaken dumateng panjenenganipun Bapak ..................... , Dumateng panjenenganipun Bp. ........................................ kulo sumangga'aken.
Poro rawuh kakung sumowono putri ingkang minulyo.  
Mekaten menggah panggih ing temanten sarimbit  ingkang sampun kalajengaken kanti toto coro adat tumunten titi laksono adicoro kepareng kalajengaken inggih meniko kumandanging waosan ayat-ayat suci Al-Qur'anul karim, ingkang kapitadosaken dumateng kadang kulo anem Sederek ..........................................,  dumateng panjenenganipun sederek ................................................................ kulo sumanggaaken   nuwun .
صدق الله العظيم  kaaturaken agunging panuwun dumateng sederek  .............................................
Selajengipun kepareng kalajengaken titi laksono adicoro ingkang ongko (4) nun inggih atur pambagya harjo, inggih aturipun Bp. ........................................ kaliyan garwo ingkang meniko badhe kasarirani dening Bp. .................................... Dumatengipun Bp. .................................... kulo sumanggaaken.
Tatas titis tetes cetho soho gamblang aturipun Bp. ............................................. anggenipun nyarirani menggah hajatipun Bp. ............................ kaliyan garwo, ingkang mekaten kulo aturaken agunging panuwun.

Poro rawuh kakung sumawono putri ingkang minulyo.
Kepareng kalajengaken titi laksono adicoro candak ipun. Inggih meniko tanggap wacono utawi aturipun bapak Risang Besan. Dumateng bapak ingkang jumeneng sumilih sariro kulo suwun jengkar sangking papan lenggah tumuju dateng papan ingkang sampun samapto.
Mekaten poro rawuh menggah atur sangking risang besan ingkang sampun dipun sarirani dening panjenengan ipun bapak......................................., kulo aturaken agunging panuwun. Titi laksono adicoro selajengipun pahargiyahan pawiwahan ndalu/siang meniko, kepareng kasigek sumene sawatawis. Dumateng poro juru ladi kasuwun enggal nindaaken jejibahanipun.


Poro rawuh kakung putri ingkang dahat kinurmatan
Kepareng adicoro pahargyan pawiwahan meniko kalajengaken. Menggah titi laksono selajengipun nun inggih mau'idhoh hasanah. Inggih dawuh wasito adi dateng temanten sarimbit sumrambah dateng kulo panjenengan sedoyo, ingkang kasuwunaken berkah dening panjenenganipun Bopo Kyai ................................, Dumateng Bopo Kyai ........................................................, kasumanggaaken, nuwun.
Mekaten menggah andaranipun walimatul 'ursy, ingkang sampun kawedaraken dening panjenenganipun Bopo Kyai ........................................... . Mugi-mugi wonten gino lan manfaatipun dumateng temanten sarimbit sumrambah dateng kulo lan panjenengan sedoyo.  امين   يا رب   العالمين  
Menggah titi laksono adicoro candakipun inggih meniko hastungkoro purno pawiwahan prasojo ndalu / siang meniko, ingkang kasuwunaken berkah dening Bopo KH. ...................................... Dumateng panjenenganipun Bopo KH. .................................................. kulo suwun jengkar saking papan lenggah tumuju dateng papan ingkang sampun samapto.
Poro rawuh kakung sumawono putri ingkang minulyo.
Sampun paripurno pahargyan pawiwahan ndalu / siang meniko. Dumateng panjenenganipun              Bapak Ibu ............................................... soho temanten sarimbit kepareng jengkar saking papan lenggah tumuju wonten ing korining pahargyan. Mboten katalompen kulo minongko pangendali woro rumaos kathah atur kulo ingkang kirang nuju prono awit saking kiranging seserepan miwah cupeting pangertosan kulo pramilo kanthi andap asoring manah mawantu-wantu anggen kulo nyadong lumunturing sih pangaksomo.

Sugeng dalu, Sugeng kundur .
و الله   الموفق  الى  اقوام   الطر يق
والسلام  عليكم  ورحمة   الله   و بركاتة


                                                                                                                                                                                

Komentar

Postingan Populer